Alt/Text Gambar
Home » » Lirik "Syi'ir Tanpo Waton"

Lirik "Syi'ir Tanpo Waton"


Selamat pagi sobat Pecinta Sholawat, Kemaren sudah saya posting tentang Siapa Pengarang Syiir Tanpo Waton, untuk kali ini saya akan ngeshare lirik Syi'ir Tanpo Waton karya Gus Nizam. Untuk gambar saya sengaja memakai Foto Gus Dur karena Syi'ir ini identik dengan Almarhum Gus Dur biarpun bukan Gus Dur yang menciptakan Syi'iran ini.

Berikut adalah Syi'irnya....

Astaghfirulloh robal baroya..... Astaghfirulloh minal khotoya...
Robbi zidni ilman nafia.....      Wawafiqni amalan sholihan

Ya rosulallah salamun alaik...Ya rofi asyani waddaroji...
Atwatayyaji rotal alami... Ya uhai lalju diwal karomi..

Ngawiti ingsun nglaras syi'iran..
Kelawan muji...maring pangeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan....
Rino wengine tanpo pitungan...2x.

Duh bolo konco prio wanito.
Ojo mung ngaji syareat bloko.
Gor pinter dongeng nulis lan moco.
Tembe mburine bakal sangsoro...2X


Akeh kang apal Qur'an haditse..
Seneng ngafirke marang liyane...
Kafire dewe gak di gatekke....
Yen iseh kotor ati akale..2X

Gampang kabujuk nafsu angkoro...
Engpepaise gebyare dunyo.
Iri lan meri sugihe tonggo...
Mulo atine peteng lan nisto..2X

Ayo sedulur jo nglale akee
Wajibe ngaji sak prana ta ne.......
Ngoo ngandalake iman taulite
Baguse sangu mulyo matine..2X

Kang aran sholeh bagus atine..
Kerono mapan sari ngilmune..
Laku thoreqot lan ma'rifate....
Ugo haqeqot manjing rasane...2X.

Al Qur'an qodim wahyu minulyo...
Tanpo ti nulis iso di woco...
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo..2X

Kumantil ati lan pikiran...
Mrasuk ing badan kabeh jeroan...
Mukjizat rosul dadi pedoman..
Minongko dalan manjinge iman...2X

Kelawan Alloh... kang moho suci.
Kudu rangkulan rino la wengi..
Ditirakati di riyadhohi...
Dzikir lan suluk jo nganti lali...2X

Uripe ayem rumongso aman...
Dununge roso, tondo yen iman..
Sabar narimo najan pas passan..
Kabeh tinakdir saking pangeran...2X

Kelawan konco... dulur lan tonggo...
Kang podo rukun ojo gae sio..
Iku sunnahe rosul kang mulyo......
Nabi Muhammad panutan kito......2X

Ayo nglakoni sakabehanee.......
Alloh kang bakal ngangkat derajate..
Senajan asoor toto dho hire....
Ananging mulyo maqom drajate.....2x

Lamun palastro, ing pungkasane...
Ora kesasar roh lan sukmane...
Den gadang Alloh surgo manggone...
Utuh mayite ugo ulese....2X..

Ya rosulallah salamun alaik...Ya rofi asyani waddaroji...
Atwatayyaji rotal alami... Ya uhai lalju diwal karomi..


Semoga bermanfaat...

Baca juga :

Lirik "Assubhu Bada"

Lirik Ya Asiqol Mustofa






0 komentar:

Pecinta Sholawat. Powered by Blogger.